24/01/2017

MC Bahasa Jawa

 MASTER OF CEREMONY

(Pranata Adicara) Basa Jawi.



 Pada kesempatan kali ini saya akan menjabarkan tentang master of ceremony memakai bahasa jawa dalam kegiatan pondok pesantren.

 Assalamualaikum Wr. Wb.
  • Hadrotil mukhtaromin para alim ulama sesepuh pini sepuh desa ................. ingkang minulya.  
  • Wabil khusus al mukarom Rama KH. .................... ingkang kita cadong-cadong barokah ilmu nipun.  
  • Para asatidz wal asatidzah saha pengurus podok pesantren ............. ingkang kula hormati.  
  • Mboten kesupen santri ........................................... ingkang kula tresnani. 

Sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah Swt. Ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat dumateng kita sedaya sahingga kita saged makempal wonten ing majelis menika kanthi sehat mboten enten alangan setunggal punapa-punapa.
Shalawat saha salam mugiya tansah katur konjuk dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad Saw. 

 Mugiya kanthi waosan shalawat wau kita saged angsal syafaatipun mbenjang wonten yaumil qiyamah, amin. Para hadirin ingkang kinurmatan. 

Wonten mriki kula kajibah minagkani dados pranata acara, badhe ngaturaken reracik acara ing enjang punika :
  1. Sepindah pembikaan. 
  2. Kaping kaleh waosan ayat suci Al-Qur'an, sari tilawah lan shalawat. 
  3. Adicara ingkang kaping tiga inggih punika waosan tahlil. 
  4. Adicara ingkang kaping sekawan nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. 
  5. Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika adicara inti nun inggih mauidhoh hasanah. 
  6. Adicara pamungkas inggih punika do'a penutup. 
Mekaten wau reracik adicara ing enjang menika. 

Sumangga kangge miwiti adicara ing enjang menika, kita bikak kanthi waosan Al-Fatikhah ingkang pimpinanipun kasuwunaken dumateng ........................ Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken. 
Matur suwun kula aturaken, mugiya kanthi waosan surat Al-Fatikhah wau, adicara ing enjang punika saged lumampah kanthi lancar, amin. 

Adicara saklajengipun inggih punika waosan ayat suci Al-Qur'an, sari tilawah lan shalawat. Ingkang badhe dipun kaslirani panjenenganipun..................... Dumateng.......... Wekdal lan panggenan kasumanggaaken. 

Adicara ingkang kaping tiga inggik punika waosan tahlil, ingkang pimpinanipun.............. Wekdal saha panggenan dipun slirani. 
Matur nuwun kula aturaken. 

Para hadirin ingkang kinurmatan, adicara ingkang kaping sekawan nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. Ingkang badhe dipun kaslirani dening...................... Wekdal lan panggenan kasumanggaaken. 
Matur nuwun kula aturaken. 

Para hadirin ingakang minulya. 
Adicara ingkang angka gangsal nun inggih adicara inti, mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun kaslirani deninf panjenenganipun....................... Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken. 
Mugiya kanthi uraian mauidhoh kolo wau, kitha saged mendet hikmah kangge ningkataken iman lan taqwa kitha. Amin Ya Rabbal 'Alamin. 

Para Hadirin wal hadirat ingkang minulya. 
Adicara ingkang pamungkas inggih mebika do'a penutup, ingkang badhe kaslirani panjenenganipun................... 
Ananging sakderengipun do'a kalampah, kula minangka pranata acara saking awal dumugi akhir katah kalepatan, kula nyuwun agunge samudra pangaksami. Dumateng panjenenganipun......................... kasumanggaaken

Semoga bermanfaat 😊

 

0 komentar:

Posting Komentar