31/01/2017

Crito Wayang Ramayana


Shinta Obong

Wonten ing kasempatan menika kula badhe ngaturaken carito wayang Ramayana kanthi babagan Shinta Obong


Sawise maringaken perjuangan kanggo nylametaken warga kang urip. Pungkasanipun perang, Rama bisa menang perang nglawan Rahwana. Ing perang antarane urip lan mati , perang mau kanggo njaluk bali Shinta. Perang kang akeh mbucal waktu, nyawa lan pikiran.
Waktu nalika Rama kudu nampa Shinta bali, sak nalika krasa curiga ing kemurnianipun Shinta. Napa Shinta taseh suci nalika sampun di pun kurung ing Alengka kaliyan Rahwana? Shinta lara ati nalika Rama sanjang kados ngoten. Tiyang ingkang dipikir terusan nalika awan bengi yaiku Rama, kok saget ragu utawa curiga kaliyan deweke.
Banjur kangge mbuktikaken kesetyaipun Shinta. Shinta mutusaken kangge nindakaken upacara obong. Upacara kanggo ngobong deweke. Upacara kanggo mbuktikaken yen Shinta taseh suci lan mboten khiyanat kaliyan tresnanipun Rama.
Kanthi printahipun Shinta, para punggawa numpuk kayu ing plataran. Punggawa ngobong kayu mau. Masa mau wes mumbul panas banget nganthi wong wong seng sumerep mboten saged nyedak.
Kanthi langkah kang agung lan elegan, Shinta nyedak ing mawa. Banjur munggah ing nduwur tumpukan kayu kang mpun diobong mau. Shinta ngadek jejek kanthi wibawa lan anteng. Shinta mandeng kabeh wong kang sumerep. Kabeh wong gumun, nalika mripat mau temu kaliyan mripatipun Rama. Shinta mandeng kanthi mripat kang cetha. Kanthi mesemipun Shinta nanging ing njero ati Shinta lara, nopo Rama taseh mboten percoyo kaliyan kesucianipun Shinta. Kabeh wong ora tegel kaliyan tumindhakipun Shinta. Awak kang mulus mau bakal rusak. Para rawuh mau, pingin Rama mandhekaken tumindhakipun Shinta.
Nalika mawa tambah gedhe, Shinta mandeng malih kaliyan para rawuh lan mandeng Rama kaliyan mesem kang tulus. Banjur sak nalika Shinta mlumpat ing mawa kang wus tambah gedhe. Banjur, awakipun Shinta kelep kaliyan mawa kang panas. Kabeh wong pada mbengok lan tutupan ora tegel kaliyan tumindhakipun Shinta.
Sawentara wektu, nailka mawa wus surup, ana wong ayu ngadek jejek kanthi anggun. Niku Shinta!! Shinta mboten kobong!! Shinta mesem kaliyan para rawuh. Kabeh wong gumun ora percoyo.
Saknalika Rama mlayu banjur nyikep Shinta. Rama nangis lan getun kaliyan kacurigaanipun. Pancen Shinta taseh suci, senajan nalika ing Alengka Rahwana kerep ngrayu Shinta.
Rama tambah tresna ing Shinta. Rama yakin Shinta taseh suci njobo njeronipun.
Kasimpulanipun yaiku kasetyan niku penting ing pasangan. Kanthi pambuktenipun Shinta, Rama mboten ragu maleh kaliyan tresnanipun Shinta ing deweke.

Mugi paring manfaat kagem panjenengan sedaya 😊

0 komentar:

Posting Komentar